Oleh : Anto Sutanto
Tuban, Ronggolawe News – Wong sing lair ing dina Sabtu Legi, miturut paugeran budaya Jawa, nduwèni sipat watak kang lembah manah, tenang nanging sekaligus nduwèni kekuwatan batin kang tajem. Weton iki ngemot neptu Sabtu (9) lan Legi (5), dadi total 14, angka sing dianggep ngangeni nanging kudu ngati-ati.
Tompo Sasi: Wong Sabtu Legi sing tibo ing 1 Suro, kapetung minangka titimangsa sakral. Dina kang kebak aura spiritual lan wiwitan anyar.
Taliwangke: Rabu Pahing Rabu Pahing dadi taliwangke kanggo Sabtu Legi. Dina iki kudu dijiwit, ojo gegabah tumindak utawa miwiti perkara gedhe. Uga becik dieling-eling minangka dina angèl sing kudu dimangerteni kanthi waspada.
Sangare Tanggal: 11, 14, 17, 27 Tanggal-tanggal iki dianggep “sangar”, alias rawan cilaka utawa energi negatif kanggo wong Sabtu Legi. Aja nganti tumindak penting, lelungan adoh, apalagi miwiti bisnis utawa gawe anyar ing dina kasebut.

Prayogane Den Singkiri Samu Barang Gawe Maksuding: Ing dina utawa mangsa tartamtu, luwih becik ngendho dhisik. Ojo miwiti niatan apapun, utamane sing gegayutan karo urip jangka panjang kaya dagangan anyar, lelungan adoh, nandur modal, utowo gaweyan anyar. Wektu iki luwih becik kanggo merenung, muhasabah, lan nyiapke kekuwatan batin.
Tandha Alam lan Laku Spiritual: Sabtu Legi kerep digandhengake karo lakon kasepuhan lan jalan laku batin. Wewaton iki ngelingake supaya wong luwih eling lan waspada marang dalan urip, ora mung ngandalkan nalar nanging uga rasa.
Penutup: Wong Sabtu Legi nduweni karisma alus nanging kuat. Nanging kudu waspada karo energi taliwangke lan tanggal sangar, supaya laku urip ora keno talak cilaka. Waktu paling becik kanggo sabtu legi yaiku Senin Kliwon lan Kamis Wage, amarga mbukak rejeki lan perlindungan spiritual.
Biodata Anto Sutanto
Nama Lengkap: Anto Sutanto
Tempat, Tanggal Lahir: Tuban, 5 Februari 1969
Alamat Domisili : Tuban, Jawa Timur, Indonesia.
Profesi :
Pemimpin Redaksi Media Ronggolawe News
Seniman (pelukis realis dan dokumentator fotografi karakter)
Peternak unggas (fokus pada mentok dan ayam aduan)
Budayawan dan kolektor tosan aji (keris, tombak, dll.)
Jabatan Organisasi:
Pendiri dan Dewan Pengawas Pesanggrahan Punakawan Muda Ranggalawe.
Karya Terkini:
Sedang menyusun buku berjudul “Seni yang Bernafas di Kandang : Antara Keris, Kanvas, dan Mentok.
Merencanakan buku khusus tentang keris, tombak, dan tosan aji lainnya
Pameran tunggal bertajuk “Bersatunya Alam dan Manusia dalam Sebuah Imajinasi”
Filosofi Hidup:
“Alam adalah panduan hidup yang sejati. Manusia bisa mengingkari kata dan janjinya, imajinasi bisa menyesatkan jika tak dikendalikan, tapi alam selalu jujur.”
Minat Khusus:
Seni realis dan dokumentasi karakter
Filsafat budaya Nusantara
Pelestarian dan pemaknaan spiritual keris
Kehidupan sederhana di tengah alam dan unggas
Reportase Media Ronggolawe News
Mengabarkan